Wasana Kangen
Dening
: Ulfa Maulia R
Ingsun tan labda ndelik ing walike kangen
Merga saben setitik kangen iki
Tansah tak wadulake tumekane Pangeran
Tan ngarep-arep sira prapta mbalas rasa
Tan ngarep-arep uga kok rasakne sing pada ing njero driya
Rasa lega pas kangen iki ucul saka sarange
Sira ingkang tak kangeni...
Entukno samirana iku crita mesra
Ing kupingmu kanggo usada kangenku
Watara jasadmu lan jasadku
Sira tan perlu mangu
Anane asmamu ing kalbu
Entukno ingsun kangen dhewe
Lumaksana ing watara lastri
Usada rasa bentermu
Nganggo ngremboko donga ing 5 wanci
Mugo bareng kangen gantung ing akasa galuhmu.







0 komentar:
Posting Komentar